KUMBAKARNA GABY
KUMBAKARNA
Kumbakarna lahir saka guwa garbaning Dewi Sukesi. Dewi Sukesi iku garwane Resi Wisrawa. Dheweke kagungan putra papat mijil raseksa aran Dasamuka, nomer loro mijil raseksi Sarpakenaka, nomer telu mijil raseksa aran Kumbakarna dene sing nomer papat mijil satriya bagus aran Gunawan Wibisana. Senajan tunggal Bapa biyung nanging nduweni watak kang beda-beda.
Cerita Kumbakarna ing brubuh Ngalengka kaya mangkene ; Sawise Dasamuka nyolong Sinta saka Rama. Rama ngerahke bala ne gawe nyerang Negara Ngalengka. Dasamuka bingung piye carane supaya bisa ngalahake balane Rama. Amarga iku Dasamuka banjur kelingan marang adhine, yaiku Kumbakarna, kang lagi tapa nendra. Dasamuka banjur urusan marang indrajit gawe nimbali Kumbakarna kang lagi tapa nendra.
Sawise Kumbakarna tekan keraton, wis cemepak rupa-rupa panganan klangenane Kumbakarna. Lan sawise rampung anggone Kumbakarna dhahar lan ngunjuk, Dasamuka banjur njlentrehake tujuane Kumbakarna ditimbali. Jebule, Dasamuka arep njaluk mitulung adhine gawe maju perang ngelawan bala ne Rama. Amarga mangerti awal kedadeane perang iki, Kumbakarna nyaranke kakange supaya mbalekna Sinta marang Rama. Nanging, Dasamuka malah muntap. Kumbakarna emoh melu-melu kecipratan dosa kaluputan Dasamuka.
Nanging, Dasamuka pinter ngarih-arih Kumbakarna gawe maju perang. "Yen aku maju perang mesthi dikatutake dosane Dasamuka, nanging yen aku ora maju perang ateges satriya sing ora ngerti labuh marang negara". Ujare Kumbakarna. Akhire Kumbakarna gelem maju perang amarga arep mbelani tanah wutah getihe, lan leluhure.
Amarga perang iku akeh korban mati. Supaya korban ora saya akeh, Rama akhire maju ngelawan Kumbakarna. Nanging, Kumbakarna gugur kang peperangan amarga keno senjata panah guwa Wijaya ne Rama. Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa Ngalengka, awit niyate maju perang dudu mbelani Dasamuka sing angkara murka, Nanging mbelani negarane dhewe.
Komentar
Posting Komentar