KUMBAKARNA
KUMBAKARNA
Kumbakarna lahir saka guwa garbaning Dewi Sukesi.Dewi Sukesi iku garwane Resi Wisrawa lan kagungan putra papat mijil raseksa aran Dasamuka,nomer loro mijil raseksi Sarpakenaka,nomer telu mijil raseksa aran Kumbakarna dene sing nomer papat mijil satriya bagus aran Gunawan Wibisana.
Senajan tunggal Bapa biyung nanging nduweni watak kang beda-beda.Kesaktian Kumbakarna bisa ndadekake Dewa wedi marang Kumbakarna, nanging Kumbakarna emoh melu-melu kecipratan dosa kaluputan Dasamuka.Amarga Dasamuka pinter ngarih-arih Kumbakarna,wusana Kumbakarna gelem maju perang mbelani tanah getihe lan mbelani leluhure.Nalika Kumbakarna nyawang Sugriwa nalika perang wis siap perang.Kumbakarna mangu-mangu amarga nyawang Sugriwa maju perang mbelani bebener.
"Yen aku maju perang mesthi dikatutake dosane Dasamuka,Nanging yen aku ora maju perang ateges satriya sing ora ngerti labuh marang negara".Ujare Kumbakarna.Nalika Kumbakarna ngadhepi Rama,Rama banjur ngujar marang Kumbakarna supaya korban ora saya akeh,Rama Banjur nggunakake senjata panah Guwa Wijaya kanggo mateni Kumbakarna.Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa Ngalengka,awit niyate maju perang dudu mbelani Dasamuka sing angkara murka, Nanging mbelani negarane dhewe.
Komentar
Posting Komentar